Ireng kulitku, putih kulitmu Rombeng klambiku, ko toko klambimu Pikiren disik, yen seneng aku Sing luwih apik, ojo kesusu Aku wong deso, sliramu wong kutho Aku wong miskin, uripmu terjamin Ojo toh mobil, ojo toh motor Sepedah wae, aku ra duwe Aku iki dik, anake wong tani Bapakku macul, si mbok buruh tandur Yen sliramu dik, putrine wong duwur Bapakmu lurah, tur uripmu makmur Opo yo gelem, mengko wong tuomu Yen duwe mantu, sing miskin koyo aku