Bawa dan Langgam Rasa Madu Ki Nartosabdo


Bawa:

rasa madu yektining wus manis

manis arum semune ngujiwat

cinandra lir pepindane

saraswati tumurun 

hangaworgan kang wangi-wangi

marak sarwi ngrerepa

duh-duh bapa guru

mugi-mugi tumingala 

mring kawula kang nedeng nandang prihatin

antuka pangayoman

 

Langgam :

rasa madu memanisku

kang pisah lan aku

kunir pita pamintaku 

tumuli ketemu

 

roso madu memanisku

kang dadi impenku

jinjit alis nggeget lathi

karo mesem ngguyu

 

kuciwane wong manis adoh papane

kapan nyata wong manis sugih lelewa

 

rasa madu memanisku

tansah anglam lami

dadi jampi nggonku ngalamun 

rina lan wengi


Komentar

Postingan populer dari blog ini