Lirik Kembang Kacang - (Cakepan Lagu Kembang Kacang)


Bawa

KANG GINITA LELAGUNING GENDHING
SARAYUDA PAMBUKANING SEKAR
DHANDHANGGULA TURULARE
BINARUNG ING SWARARUM
RUMING RARAS AMILANGONI
WIRAMANE LANCARAN
MUNG KINARYA GECUL
PEPATHET TE NORA ONCAT
WUS CINAKUP CAKEPANE NORA CICIR
NGGER ANGGER SARAYUDA


Ali ali kembang kuningan
Dilali-lali, dilali-lali, meksa, meksa kelingan
Jarwa mudha mudhane sang prabu Kresna
Gonas, gones, wicarane

 

Ora butuh apa-apa,
Butuhku, butuhku, sabar-sabar narima
Kunir pita, sega golong mungging baya
Gonas, gones, wicarane
Yen ketemu, yen ketemu, sun sungsumke pitung dina
kembang mlati, yo mas, dironce-ronce, bapak
Kene setengah mati, sing kana ra piye-piye


Petis manis, sarining kaca benggala
Eman, eman, terus ngapa
Aja ngucap, bapak, bapak, aja ngucap
Lali-lali datan bisa lali, lawas saya katon
Umpamakna wit-witan kang gedhe
Tinutuhi datan bisa mati
Mrajak semi ndadi tresna gung ngrembuyung


Pangling wonge, nora pangling
Nora pangling, nora pangling suwarane
Andheng-andheng  yo mas, parene welut, bapak
Pejah gesang, pejah gesang, kula, kula nggih nunut


Roning kamal, putrane Pendhita Durna
Kowe, kowe, kowe sing marahi
Mumpung anom, mumpung anom, ngudiyo kawruh utama
Tirtonadi yo mas, kulon Nggilingan, bapak
Dilali-lali, dilali-lali, meksa, meksa kelingan


Jenang beras, bumbune rak gula jawa
Janjine, janjine sing padha rukun
Dereng marem, dereng marem, nggen tutur kartika
Rujak nanas yo mas, rujak kuweni, bapak
Tiwas digagas, tiwas digagas, ana sing nduweni
Jenang sela, wader kali sasonderan
Kowe, kowe sing marahi
Apuranta, apuranta yen wonten lepat kawula

Komentar

Postingan populer dari blog ini