Ladrang Sarayuda Lirik/Cakepan



Cirine serat iberan

Kebo bang sungunya tanggung

Saben kepi mirah ingsun

Katon pupur lelamatan

Kunirpita kasud kayu

Wulu cumbu Madukara

Paran marganing ketemu

 

Kang ginusti widadanya

Lelangening juru demung

Kinarya panglipur wuyung

Mrih mareming tyas turidha

Ywa kongsi kabanjur ngungkung

Mring mirah pindha mustika

Sayekti dewaning ayu

 

Panggugahing lara branta

Mring wong kuning angasemu

Nemu giring anganguwung

Kuning kuning ing sarira

Kadya kencana weh wuyung

Gilige ingkang sarira

Amemeg pindha binubud

Komentar

Postingan populer dari blog ini