Lirik Ladrang Asmaradana


Ganda arum cahyane angenguwung

Cundhuk kembang menur

kalung sekar melati

Bregas karya pinulas

Kadya golek kencanane

Tembene kang amulat

Temah nandhang asmara

 

Anjasmara ari mami
Mas mirah kulaka warta
Dasihmu tan wurung layon
Aneng kutha Prabalingga
Prang tandhing Urubisma
Kariya mukti wong ayu
Pun kakang pamit palastra

 

Wus begjane awak mami
Tan tulus mangestuning dyah
Dhasar gembeng tur acingeng
Aja gawe wirang Bisma
Mara ge patenana
Eman-eman wong abagus
Yen kongsi tumeking lena

 

Iba dukaning narpati
Ratu Ayu Majalengka
Yen sira nemahi layon
Paran matur manira
Mbenjang yen ingsun kepanggya
Mangka pepulihing duka

 

Sira sun anggep pangarih
Murih careming asmara
Mariya nggonku wiraga
Prabu Kenya nuli prapta
Nusul nggoningsun nendra
Sun kudang aneng jinem rum
Sun rungrum amanuhara

Komentar

Postingan populer dari blog ini