Lirik Langgam Sapa Wonge - Manthous

 

Sapa wonge nora bingung, duh aduh biyung

Yen nyawang solah bawane

Rina wengi angreridu atiku

Kang tansah dadi impenku


Sapa wonge sapa wonge, duh lae lae

Ora kesengsem atine

Priya bagus kang prasaja solahe

Pancen luhur bebudine


Dasar alus yen ngendika

Pancen wasis gawe lelewa

Winengku wanita murba mring asmara

Gumregut rebut ing ngarsa


Iba kuciwa atiku, duh aduh biyung

Kaya kaya tanpa guna

Uripku ning alam ndunya, duh rama

Mugi mugi pinundhuta

Komentar

Postingan populer dari blog ini