IMBANGANA KATRESNANKU - KI SUSILO THENGKLENG

 

Saben dina mung ngalamun

Jroning sepi, sepi samun

Amung tansah kadulu

Wewayanganmu, duh nimas wong ayu


Linali tan bisa lali

Saya angrerujit ati

Lelewamu cah manis

Amung kumantil ing panduking netra


Apa tega sira nimas cidro ing janji

Misahke katresnan jati

Lamun mangkono piye katresnanmu

Piye Katresnanmu..


Mongko kangmas katresnanku

Bebasane tan bisa tinuku

Cunduk lan prasetyamu

Tak korbanake jiwa lan ragaku

Komentar

Postingan populer dari blog ini