Tandha Mata ( Tondho Moto) - Ki Nartosabdo
Senadyan ta ora mitra
Tandha mata, sing tak tampa
Senadyan amung sepele
Ngelingake, kabeh lelabete
Kang madhangi, wanci dalu
Kaya tumetesing banyu
Ngelingake, kangening atiku
Kae, tandha mata
Mertandhani, ati tresna
Nadyan, nate gawe gela,
Ning nyatane, mung katon ning mata
Tak simpen ana kamarku
Dadi sulih seliramu
Tak simpen ana atiku
Liyo wektu bakale ketemu
Komentar
Posting Komentar