Lirik Langgam Dak Pilih - Nyi Supadmi
Mbok menggalih atiku kang lagi nandhang sedih
Amung sira dak pilih
Nanging durung gawe pulih
Aku nangis batinku kang perih
Datan jemu aku tansah nunggu mring sliramu
Nanging ora maelu
Nganti asat kang eluhku
Jo mbebingung atiku kang linglung
Duh wong Bagus/ayu tak elus-elus ing rambutmu
Aku nedya setya tuhu janjine sliramu aja mlayu
Prasetyamu kang tak tunggu
Hananging sliramu ora duwe tekat jroning kalbu
Yen tak pikir rina wengi tansah ketir-ketir
Kaya randhu kang kintir
Kang datan bisa sumampir
Aku nunggu nganti wengi lingsir
Komentar
Posting Komentar