Lirik MEMANIKMU - Ki Sun Gondrong
Mung sliramu kang dadi maniking kalbu
Pindo retno kang katon malelo
Pawelingku mugiyo tansah eling
Senadyan adoh rasaku tansah sumanding
Rino wengi aku mung tansah ngenteni
Tan pegato nyidam tetesing tresno
Kang setuhu dadi tetaline
Atiku kang tansah anandang kasmaran
Wong kuning kembang jroning atiku
Asihku kang ngrenggani dadi usadane
Aku kang nandang bronto
Lilanono caket mring sliramu
Tansah gandeng renteng
koyo mimi mintuno
Tak anti aning gisik samudro
Lelumbaning asmoro ombaking prasetyo
Tondho anteping tresno
Sineksen kuwung hanggarit mendhung
Atiku kang wuyung
Yen tak gambuh anglayung
Komentar
Posting Komentar