Lirik Lingsir Wengi

 Lingsir Wengi cipt. Sukap Jiman


Lingsir wengi

Sepi durung bisa nendra

Kagodha mring wewayang

Kang ngerindhu ati


Kawitane

Mung sembrana njur kulina

Ra ngira yen bakal nuwuhke tresna


Nanging duh tibane

Aku dhewe kang nemahi

Nandang branta

Kadung lara

Sambat sambat sapa


Rina wengi

Sing tak puji ojo lali

Janjine muga bisa tak ugemi

Komentar

Postingan populer dari blog ini