Cakepan Langgam Rengu
Rengu cipt. Ki Wongso Subagyo
Sajake katon rengu
Enten nopo niku dene sampun dangu
Ndiko kok ngaten sakniki pun benten
Opo pancen sampun bosen
Ing mongko prasetyaku
Nadyan geger walik watu mboten badhe klintu
Nanging kok ngene kedhuwung mburine
Opo yo dede jodhone
Bebasan sak upama koyo ngenteni
Kumambange selo langking
Dadine rontang ranting koyo di jejuwing
Wekasan kontrang kantring
Kono kang wus kalegan angumbar katresnan
Ra mikir bebrayan
Mbalik njur aku wus kadhung kesluru
Atiku mung tansah rengu
Komentar
Posting Komentar