Prawan Kalimantan Lirik

 

Rino wengi tansah kelingan

Prawan ayu kalimantan

Bantal guling tak sayang-sayang

Nganti koyo wong kedanan


Cempedhak Mas dudu nongko

Mbiyen cedhak ra wani kondho

Neng opo sliramu lungo

Ninggal mulih ra kondho-kondho


Saben dino aku ngalamun

Tekan ngomah atiku bingung

Jane tresno ra wani nembung

Rasane koyo wong linglung


Wangi-wangi banyune sabun

Tak rewangi adus kungkum

Tresnaku ra bakal alum

Tak enteni yen mase purun


Adhuh pake make adhuh

Hatiku rindu kangen tenanan

Kangmas ku pulang kangmas ku mulih

Neng tanah sebrang


Adhuh pake make adhuh

Hatiku rindu kangen tenanan

Kangmasnku pulang kangmasnku mulih

Neng tanah sebrang


Beninge banyu kalimantan

Biyen sing tak ombe sayang

Ngelingake naliko biyen kenalan


Saben dino aku ngalamun

Tekan ngomah atiku bingung

Jane tresno ra wani nembung

Rasane koyo wong linglung


Wangi-wangi banyune sabun

Tak rewangi adus kungkum

Tresnaku ra bakal alum

Tak enteni yen mase purun

Komentar

Postingan populer dari blog ini