Lirik Mawar Biru - Margono
Tumetesing waspaku
ora tega rasaning atiku
ninggalake ... sliramu
kenya idamanku
Tansah katon esemu
Ngawe-awe rasaning atiku
Ngelingake... nalika
bareng mlaku mlaku
Ora nyana ora ngira
yen ngene dadine
aku kudu melu ... nderekake
rama lan ibuku, mulih nang desaku
Wekasaning welingku
Aku titip kembang mawar biru
Openana... minangka
tandha katresnanku
Komentar
Posting Komentar