Lirik Langgam Kali Oya - Dimas Tejo

 

Naliko ing wayah sore

Gawang-gawang, mung katon eseme

Amung tansah ngawe-awe

Angleledo mung ngatoni wae


Sliramu wus ora ono

Duh wong ayu, tego ninggal lungo

Mbok eling mbiyen prasetyo

Sineksenan, ilining kali oya


Saben-saben, aku nunggu

Mung ngarep tekamu

Kumricik ing banyu kali

Anambahi kekesing ati


Ning pinggiring kali oya

Duh wong ayu, awakku dedungo

Mugo-mugo enggal bali

Tak enteni ning pinggiring kali

Komentar

Postingan populer dari blog ini