Cakepan Glopa glape
Glopa glape, glopa glape
Gajahe kepengin menek, eloke
Ulane kepengin mabur, eloke
Manuke kepengin nglangi, eloke
Kodoke kepengin nyembur, eloke
Elok temen elok iki
Glopa glape, glopa glape
Si gajah pepes tlalene, eloke
Si ulo aber upase, eloke
Si manuk putung swiwine, eloke
Si kodok bedhah wetenge
Bawa
Si kethawa datan krasa
Gawe tunaning sesami
Kepengin unggul priyangga
Tan ana ingkang madani
Lamun mangkono yekti
Antuk sikuning Hyang Agung
Bangkit ayasa jagad
Nitahken sagung dumadi
Sapa ala ing kono wahyuning sirna
Komentar
Posting Komentar