Lirik Parangtritis - Manthous

 

Parangtritis wis kondhang kaloka

Papan endah tumrap pariwisata

Rame-rame neng gisiking samodra

Aja lali kabeh kadang lan mitra

Monggo monggo aja nganti keri

Suko suko kanggo ngelipur ati


Pro wisata mudho mudhi gembira

Nuswantoro uga monco nagoro

Kabeh wae sing kakung lan sing putri

Parangtritis kae wis nganti-anti

Gunung gunung sinawang katon asri

Wayah sore gawe tentreming ati


E e kae aduh ibo endahe

Nyawang langit katon abang cahyane

Binarung surut lan sireping surya

Candhik ayu mbabar wijiling dalu


Parangtritis nyoto nyoto ginaris

Wus tinulis dening poro winasis

Peziarah lan ugo poro turis

Nora kendat tindak neng Parangtritis

Komentar

Postingan populer dari blog ini