Cakepan Lagu Kenthongan - Ki Nartosabdo
Wiwit kuna ca kenthongan
minangka tandha tengara
Gunane nyata anut ing keperluane
Uluk-uluk neter wanci sore
Tandha manembah Hyang Widi
dhung dhung ana maling
mula kudu sing prayitna
dhungdhungdhung omah kobong
yo kanca padha tetulung
dhung dhung dhung dhung
lho raja kaya ilang
dhung dhung dhung dhung dhung
kaline banjir
yen gobyog titir
rajapati lamun mangkono
kenthongan gedhe gunane
Komentar
Posting Komentar