Cakepan Ladrang Wirangrong
A
Kaki cantrik manthuk-manthuk
Mundhi sabdane sang Resi
Umiring lampah sang retna
Pregiwa lan pregiwati
Ya ta dhawuhe sang wiku
Cantrik sira aja sisib
Sun pundhut upatanira
Ki Janaloka nanggapi
Sang wiku pupundhen ulun
Lamun kula wani sisib
Anjajamah ingkang wayah
Tinungkepa bumi langit
Yen kula salit kalangkung
Sampun ngantos angsal warih
Yen leren ngandhaping gurda
Kadhawahan pang sayekti
Benjang kula tekeng lampus
Rinanjab jinuwing juwing
Sang wiku lon sabdanira
Iya cantrik dak sekseni
B
Wong pradesan tansah gumun
Mulad slagane sang cantrik
Wirangrong wayang wuyungan
Gedheg gedheg trus gadhog
kitrang kitrang anjetung
andeleming lir kunjana
E tobil..bil, wong ayu tolehen aku
Dhuh dewa..wa, angayomana tindaku
Komentar
Posting Komentar