LIRIK/CAKEPAN LADRANG SIDAMUKTI PL 6 - KI NARTOSABDO


Katon edi peni nyawit kang sidamukti

Temantene kirab di bebayangkare

Binarung kang pradangga

Trus angrangin katon wibawa


Kidungane para sepuh

Narbuka mulyaning urip

Tata lampah ing bebrayan

Supayantuk berkah Gusti

Patutan priya wanodya

Minangka anyambung benjing


Kudangane para sepuh

Muga runtut asayekti

Lahir lan ing batinira

Teka benjang kaki nini

Tan ana sakara kara

Anggung cinaket basuki

Komentar

Postingan populer dari blog ini