Lirik Taman Jurug - Anjarany

 

Ning kuto Solo muda lan mudi

Ing taman jurug ing pinggir Bengawan Solo

Muda lan mudi awan lan mbengi

Do suko-suko nanging ojo ngiket janji


Cahyaning bulan nrajang pucuking cemoro

Angin kang teko sasat nggowo gending tresno


Banyu bengawan sinorot cahyaning bulan

Lir sewu dian alerap nggugah kenangan


Ngersakne nopo mung sarwo ono 

Ning taman jurug taman endah kuto Solo

Papan kreasi muda lan mudi 

Sing tuwo-tuwo welinge ojo nganti lali

Komentar

Postingan populer dari blog ini