LIRIK LANGGAM IMPEN - GESANG
Impenku dhek bengi kae
Kathik kaya yen tenan-tenana
Ketemu neng kana kae
Wela-wela tur padha gembira
Tangkepku marang dheweke
Kathik kaya jamane semana
Dhasar dhek biyen-biyene
Pancen padha ngucapke prasetya
Kuciwane bareng nglilir
Nganti wegah tangi
Mung tujune ora kwatir
Yen ana sing ngerti
Jarene wong padha kandha
Ngimpi niku kembange wong turu
Nanging yen ta gelem blaka
Ngimpi niku bisa bikin rindu
Komentar
Posting Komentar