Lirik Kecik-kecik

 Cipt. NN


Kecik-kecik, kecike manila, ya mas ya

Prayogane tumrap para muda

Mbesuk dadi mas, wong kang dipercaya

Sing becik dienggo, dibuang barang sing ala


Oowing, kecik, kecike manila

Oowing, yen kasep njur aja gela


Kecik-kecik diwadahi takir, ya mas yo

Sawo kecik saka kaliyasa

Bengi mikir mas, esuk sore mikir

Kok ya kebangeten, dipikir ora rumangsa


Oowing, kayune ukir-ukiran

Oowing, wong manis dadi pikiran


Kecik-kecik, kecike manila, ya mas ya

Sawo rontok tibane ning banyu

Mbiyen jare ngaku isih jaka

Ning bareng ketemu, horotoh anake wolu


Oowing, ana grumbul dalan luwak

Oowing, yen urung bejane awak


Kecik abang, kecik sawo gunung, ya mas ya

Tuku serabi ing Kutho Semarang

Urip mbujang mas, kok rasane bingung

Bareng arep rabi, horotoh reregan larang


Oowing, kecike digondol wulung

Oowing, dhuwit sithik sing nginger bingung

Oowing, kecik-kecik isine sawo

Oowing, sampun sayah nyuwun ngaso





Komentar

Postingan populer dari blog ini