Cakepan Lere-lere Sumbangsih Pl 6

 


Adhuh lae kakang karepmu priye

Tak jaluk sumbangsihmu bae

Wujude apa.. prasajakna

Ja katungkul rina wengi wedhak pupur

Kwajiban apa kang kudu tak sangkul

Amomong putra nata bale wisma

E tobil kakang iku nyata kwajibanku

 

Nalikanira ing dalu

Wong agung mangsah semèdi

Sirep kang bala wanara

Sadaya wus sami guling

Nadyan ari Sudarsana

Wus dangu nggènira guling.

 

Kukusing dupa kumelun

Ngeningken tyas sang apekik

Kawengku sagung jajahan

Nanging sanget angikibi

Sang Resi Kanekaputra

Kang anjog saking wiyati

 

Punapa ta mirah ingsun,
Prihatin waspa gung mijil
Tuhu dahat tanpa karya,
Sengkang rinemekan gusti,
Gelung rinusak sekarnya,
Sumawur gambir melathi

 

Marmanta mangrurah gelung,
Lintange merang ningali,
Mring langening kiswanira,
Miwah kidang-kidang isin,
Miyarsa ing swaranira,
Si kidang umpetan tebih

 

Andhegan Sekar Sinom Wenigonjing

 

Gancare sekar Sri Nata

Darmane amomong siwi

Tawekal suka tuladha

Tingkah laku muna muni

Tandang tanduk makarti

Mrih andhedher budi luhur

Tembe prapteng dewasa

Dadiya janma utami

Mangka dadya sumbangsih mring yayah rena


Komentar

Postingan populer dari blog ini