Cakepan Ketawang PUSPAWARNA
Kembang kencur
kacaryan anggung cinatur
Sedhet kang sarira
Gandes ing wiraga
Kewes yen ngandika
Angenganyut jiwa
Kembang blimbing
Pinethik bali ing tembing
Maya maya sira
Wong pindha mustika
Ratuning kusuma
Pathining wanodya
Kembang duren
Sinawang sinambi leren
Ndalongop kang warna
Sumeh semunira
Luwes pamicara
Angangayuh driya
Komentar
Posting Komentar