Lirik Langgam Gagat enjang
Bawa
Dhedhep tidem prabawaning ratri
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep sri nateng dalu
Siniwaka sang gya pradasih
Aglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene paksa kebegan
Saking kehing taranggaa kang sumiwi
Warata tanpa sela
Sasadara wus manjer kawuryan
Tan kuciwa memanise
Menggep sri nateng dalu
Siniwaka sang gya pradasih
Aglar neng cakrawala
Winulat ngelangut
Prandene paksa kebegan
Saking kehing taranggaa kang sumiwi
Warata tanpa sela
Langgam :
Gagat enjang wanci bangun pungun pungun
Trus ngalamun ngungun wruh tibaning embun
Kae surya munguping tanceping langit
Mrebawani jagad kabeh kaweratan
Trus ngalamun ngungun wruh tibaning embun
Kae surya munguping tanceping langit
Mrebawani jagad kabeh kaweratan
Ingkang maweh daya urip ing sagung dumadi
Surya candra kartika amengku daya
Surya candra kartika amengku daya
Saya mantep ngagungake asmaning Gusti
Maha asih sayekti kang Maha Suci
Maha asih sayekti kang Maha Suci
Komentar
Posting Komentar