Cakepan/Lirik Ladrang Sidamulya


Sajake nyata kabeh welingku
Rina lan wengine ja nganti kemba
Wujud bandha sapala tandha netra
Nyamping Sidamukti Sidamulya

Sidamukti werdinipun
Katentreman lahir batin
Sidamulya kang kinandha
Mulyaning budi pakarti
Abusana sasawitan
Amor loro ning atunggil

Langen arjan kang rarasuk
Suka ambabar basuki
Wangkingan warangka ladrang
Muncar muncar cahya wening
Gatra reroncening puspa
Gegayuhan mrih lestari

Sedhahing bebalangipun
Gineget tresna tur asih
Aglar pasangan maesa
Tan wegah anambut kardi
Bokor lan sekar setaman
Tigan ambabar sawiji

Komentar

Postingan populer dari blog ini