Lirik Tembang Kangen


Wayah wengi udan grimis ra uwis-uwis
Banyu kang tumetes dadi saksi nggonku nangis
Wong sing tak tresnani tego ninggalake aku
Suwung jroning uripku yen ora ono sliramu


Sumilire angin tansah ndudut kalbu
Roso kang tak empet agawe loro dodoku
Liwat tembang kangen mugo biso dadi tombo
Tombo kangen iki nandang wuyung rino wengi

Liwat tembang kangen aku titip tresno
Opo pancen sliramu uwis ora kroso
Liwat tembang kangen aku titip sayang
Tresnaku mring sliramu ora biso ilang

Opo lali, opo pancen wis ra ngerti
Sak tenane aku mung tansah setyo ngenteni
Ngenteni balimu endah manise esemmu
Liwat tembang kangen iki wujud katresnanku




Komentar

Postingan populer dari blog ini