Lirik Nyidham Sari
Nyidham Sari
Ciptaan Anjar Any
Upama sliramu sekar melati
Aku kumbang nyidham sari
Upama sliramu margi wong manis
Kau kang bakal ngliwati
Sineksen lintange luku semana
Janji prasetyaning ati
Tansah kumanthil ning netra rinasa
Karasa rasaning driya
Midera sak jagad raya
Kalingana wukir lan samudra
Nora ilang memanise adhuh
Dadi ati selawase
Nalika nira ing dalu atiku
Lam-lamen sira wong ayu
Nganti mati ora bakal lali
Lah kae lintange mlaku
Komentar
Posting Komentar