Lirik Mister Mendem-Cak Dikin


Aku wis kandha, ciu marakke cilaka
Aku wis matur, mensen ning omongan nglantur
Wis tak kandani, yen vodka marakke lali
Bacut ngunjuk bir, kakean dadine kenthir

Ora tak gagas, penting sih isa tuku beras
Ora tak anggep, penting anak bojo wareg
Aja muna-muni, nuturi kaya kiai
Ditokke wae, yen klenger wis ndlosor dewe

Ra kena tak kandani, yen ngono aku ra sudi
Lilakna aku bali, wong tuwaku kuat ngingoni
Aja cekak atimu, wis tak cukupke lelakonku
Pancene bener kandamu merga mendem ngrusak awakku

Yen wis mari, kanca-kanca dipamiti
Sukur bage, mendem da ditinggalake
Selamat tinggal, kancaku lerena ndugal
Dongakno kuat, mendemku wis ora kumat

Komentar

Postingan populer dari blog ini