Lirik Lungiting Asmoro-SugenG TS

 

Seprene nggonku ngenteni janji
Iki Prasetyaning ati
Kadung tresna mring sliramu
Duh wong bagus ra eling dina lan wektu

Ning ati katon ra bisa ilang
Saya suwe saya ra karuan
Senajan mung tansah anggadhang
Aku samar yen sliramu ra kelingan

Wong bagus tak anti anti
Jo pijer semaya wae
aku tresna karo kowe

Tegane atimu saya gawe lara
Iku ra prayoga
Aku ora bakal mundur aku ora bakal mlayu
Yen durung nyanding sliramu

Ukuraning tresna
Dudu bandha nanging
Lungiting asmoro

Komentar

Postingan populer dari blog ini