LIRIK LADRANG KAGOK SEMARANG
katon lembehane merak kasimpir
leledhang kledhang kledhang
lir angadhang
cemeng kaladuk wilis
Ingkang sekar mlathi
sangsangan rinonce
nyata sang putri
nyata sang putri
pasemon wingit kelangkung
katon memalat kung
katon memalat kung
awit nandhang wuyung
sang dyah citrawati
sang dyah citrawati
raja putri magada
siyang pantaraning ndalu
enget warnaning sang pekik
prabu sri harjuna sasra
narendra gung maespati
kadulu aneng satmata
gumantung tumtuming galih
enget warnaning sang pekik
prabu sri harjuna sasra
narendra gung maespati
kadulu aneng satmata
gumantung tumtuming galih
Komentar
Posting Komentar