Lirik Yen Ing Tawang Ana Lintang

 



Yen ing tawang ana lintang, cah ayu

Aku ngenteni tekamu

Marang mega ing angkasa, nimas

Sun takoke pawartamu


Janji-janji aku eling, cah ayu

Sumedhot rasaning ati

Lintang-lintang ngiwi-iwi, nimas

Tresnaku sundhul wiyati

Dek semana, janjimu disekseni

Mega kartika, kairing rasa tresna asih


Yen ing tawang ana lintang, cah ayu

Rungokna tangis ing ati

Binarung swaraning ratri, nimas

Ngenteni mbulan ndadari

Komentar

Postingan populer dari blog ini