Lirik Langgam Blitar

 




Blitar kuta cilik sing kawentar

edi peni gunung Kelud sing ngayomi

 Blitar jaman jepang nate gempar

Peta brontak sing dipimpin Supriyadi


Blitar nyimpen awune sang noto

Majapahit aneng candi Penataran

Blitar nyimpen layune Bung Karno

Proklamator lan presiden kang kapisan


Ana crita jare patih Gajahmada

ingkang bisa nyawijekne Nuswantara

lan uga bung Karno sing kondang kaloka

eneng tlatah Blitar lahir cilik mula


ora mokal Blitar dadi kembang lambe

ora mokal akeh sing pada nyatakne

yen ta geni murup ake semangate

yen ta banyu ngumpulake patriote

Komentar

Postingan populer dari blog ini