Lirik Marikangen (Ki Nartosabdo)
Cakepan Marikangen (Ki Nartosabdo) Laras Pelog Pathet Nem
E..jebul kae kang tak anti-anti wus teka mrene
Wis rada suwe babar pisan ora krungu kabare
Sajake rada lalen
Mung tansah dadi impen
Yen pinuju nggeget lathi
Eseme amerak ati
E..marikangen muga-muga tansah teken
Atiku dadi tentrem amulat netra kang tajem
Marikangen mulat sira
Netra tajem tyas jatmika
Komentar
Posting Komentar