Lirik Ladrang Ondhe Ondhe-Ki Nartosabdo






Cahyane gumilang giwange abang
Gegelunge malang cecundhuk kembang


Katon kledhang kledhang terus sumandhing
amasrahake jiwa ragane

ondhe ondhe tiba ing tambir
gelung kondhe gawe kuwatir
ondhe ondhe tiba ing tampah
teka mrene lingguh ing jlambrah
amung kowe pepujanku
aja lelewa wong ayu
yen awan lali mangan
yen bengi tan kober turu

ondhe ondhe di seleh piring
gelung kondhe sing lencir kuning
ondhe ondhe diseleh panci
pancen suwe aku ngenteni
nanging mung tansah cidra
janji janjine sulaya
balung janur upamane
mung kowe kang weh usada

ondhe ondhe tiba neng sumur
gelung kondhe mung gawe kuwur
ondhe ondhe tiba neng wajan
jebul koe kang pantes dandan
bengesan lan pupuran
nyangking cangklong isi degan
degan kambil ijo
aku dandan ora kanggo

Komentar

Postingan populer dari blog ini