Lirik/Cakepan Bawa Langgam Aja Lamis

 

Bawa

Yen kowe seneng lelewa

Adhakane seneng lamis

Becik aluwung prasaja

Mung welingku aja lamis

Yen kowe seneng lamis

Gampang kena ing bebendu

Tumraping sesrawungan

Mbok aja sok dhemen lamis

Seneng lamis padha karo dhemen cidra 


Langgam

          Aja sok gampang janji wong manis

Yen ta amung lamis

Becik aluwung prasaja nimas

Ora agawe gela

Tansah ngugemi tresnamu wingi

Jebul amung lamis

Kaya ngenteni thukuling jamur ing mangsa ketiga

Aku iki prasasat lara tan antuk jampi

Mbok aja amung lamis 

Kang uwis dadine banjur dhidhis

Akeh tuladha kang dhemen cidra

Uripe rekasa

Milih sawiji endi kang suci

Tanggung bisa mukti 

Komentar

Postingan populer dari blog ini