Lirik Langgam Sesideman
Bowo:
Wiwitane, handerek sang pekik
Priyo bagus, kang olah budoyo
Sowan menyang kutho gedhe
Bendoro terus kayungyun
Selendang kuning
Kang saking wukir
Sworo kurang premono
Ning wasis, angungrung
Ngrungrung marang bendoro
Sang dyah ayu
Pijer ngincangake alis
Trus tresno sesideman
Lagu :
Luwih becik patenono
Timbang perpisahan lan dyah kang sulistya
Tak rewangi samudono marang kulowargo
Garwo lan peputro
Liwat kincanging alismu
Kuwowo hanglandang rasaning atiku
Nadyan wus lingsir yuswaku
Aku isih mampu ngladeni solahmu
Mongko kowe bocah gunung
Nadyan bocah gunung kadugo hanyrimpung
Jiwo ragaku kok kurung
Kehormatan mangrung rubuh ngantyo pinjung
Urip ono kutho gede
Kowe tak tukokke omah sak isine
Kowe obo opo wae
Nadyan sesideman Mesti tak wujudke
Timbang perpisahan lan dyah kang sulistya
Tak rewangi samudono marang kulowargo
Garwo lan peputro
Liwat kincanging alismu
Kuwowo hanglandang rasaning atiku
Nadyan wus lingsir yuswaku
Aku isih mampu ngladeni solahmu
Mongko kowe bocah gunung
Nadyan bocah gunung kadugo hanyrimpung
Jiwo ragaku kok kurung
Kehormatan mangrung rubuh ngantyo pinjung
Urip ono kutho gede
Kowe tak tukokke omah sak isine
Kowe obo opo wae
Nadyan sesideman Mesti tak wujudke
Komentar
Posting Komentar