Lirik Bawa dan Langgam Sambung Wanci Dalu


Bawa

Senadyan ta tangkep bumi langit
Prasetyanku tan ginggang sak rekma
Lan nimas kang nggemesake
Yekti pengin tak tembung
Ning kakangmu tan lila mesti
Kandat kepang nggahita
Angel nggonku muwus
Yen rina banget nglanggana
Ganti yayi sambunga ing wanci ratri
Karya usada kapang

 

Lagu

Sing gede pangapuramu
Kangmas pepujanku jejantung atiku
Sambungku mung wanci ndalu
Ngrubeda saremu kalawan garwamu
 
Kang mas kang mratitisake
Kang mas kang mratitisake
Murih lestarine hape pirantine
Tan ana kang nyaruwe ya mung akibate
Aku mung mbayangke
 
Remuking atiku iki 
yen banjur ngelingi bocah telu iki
Apa tenan sida dadi cah telu tak kanthi
Ndika apa gemati

Mendah baya yen ta sida 
Urip lan nyandika mesti bagya mulya
Njur lair putri sulistya
Trus bisa nyuwara ndika kang weh srana



Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini