Lirik Janjine Piye Ki NartoSabdho
Janjine piye nganti seprene
Maune dhele dadine tempe
Aja sembrana mbok ya sing nyata
Tembe mburine dadi tuladha
Aku tan kasdu nyawang wujudmu
Aja kuwatir aku sumingkir
Timbang trus mikir mung ketir ketir
Timbang bingung luwung nglenthung
Nyawang mendhung durung cawis payung
Kowe amlongo aku trima mopo
Becike ngelingi wit biyen nganti saiki
Arep apa wong nyatane cuwa
Yen padha prasaja luwih prayoga
Ayo ta rukun aja ngalamun
Ing liya tahun ora gegetun
Nyuwun cakepanipun mas
BalasHapus